Latest Post

Pemilu Curang? 2019

Pemilu Curang?

Aku Ngrasakno yok opo ribete persiapan noto TPS
Aku ngalami yok opo jam 6 isuk kudu standby ndek TPS
Aku ngrasakne manggon ndek TPS awit jam 6 isuk sampai jam 4 Subuh
Ngitung surat suara sak mono akehe mulai Presiden sampek DPRD Kabupaten, Ngitung jumlah sing hadir, sing gak hadir, sing sah lan sing ora sah. Sedino sewengi utuh ora turu, bahkan sampek rong dino, ngantuk lan keselku durung ilang.
Bahkan lek enek sing kliru utowo ketlesut sak lembar wae, aku kudu nggolek i sampek ketemu, rasane sirah kayak disawat rel sepor sak meter.
Opo maneh pas pemilihan wingi berlangsung, ono udan campur angin, TPS ku sempat panik krono manggone ndek latare pak RT sing mesti ajur lek kenek banyu. Bayangno ngunu kui opo ora biduh?
Keluargaku tak peseni. Sawahe openono pesen ning agus nyemprot, anak-anak mengko ben diterke nenek sekolah PAUD, krono aku tugas pantau Pemilu.

Eeee lha kok ono sing nyebarno kabar pemilu curang, pancen lek ono sing salah tulis, salah jumlah, kui ngunu kudu di fahami bahwa petugas KPPS kui manungso dudu robot, misale dibalekne pitakon ngene, lha trus saksi partai sing mbok kirim nunggu TPS kui nyapo tugase kok sampek ono kecurangan meneng wae". Sawangen juga, PTPS yo hadir, relawan juga ada. Lha trus cangkemu muna-muni kabeh salah, kabeh curang, opo ndengkulmu sing mok gawe mikir?

Njajal pikiren, lek memang saksi partaimu enek, lengkap, cerdas, tak kiro kabeh mlaku apik, ojo mbok gebyah uyah kabeh podo, ojo konyol bengak-bengok tanpo pertimbangan. Kabeh mbok sebut, datane di hack kabeh, trus gawe tagar sing ngilokno pemilu kita ora jujur.

Reneo mak, tak jak ngopi, tak bisiki lirih idek kupingmu, yen awakmu nduwe penemu pemilu penuh kecurangan lan ora jujur, kalimat sing arep tak bisikne ndek sampean iki mak, "pemilu ora jujur ndogmu pecah kui, opo pingin njajal di balsem silitmu?" lha kabeh dihitung manual sampek mripat pedes, boyok keju, sikil njarem, awak nggrambyang krono ora turu. Kui ngono curhatan anggota KPPS sing mestine yo tonggomu dewe tunggal RT.
                Inilah Pahlawan Pemilu 2019